iklan

Thursday, August 2, 2007

Pendadaran lan Impen

PENDADARAN

Sesingidan aneng telenging nala

sastra jalma datan uninga

amung eka saka dasa

kang angrasa yekti

Padupan kencana kang mawarsa tan kajamah

enggal basuhen

kantthi resiking ati,

Awit Sang Hakarya gya andadar kapercayan mwah sumendhe-pasrah

Hyang Widi ing ngakasa

bareng maring lebu agni,

Hying Widi ing samodra

ancik-ancik panguwasaning baruna,

Uningana iku kabeh

:dudu bebendu

dudu pageblug

Uningana iku kabeh

dudu purwaning gara-gara

dudu sengkala

Kawruhana,

Jer iku mau minangka kayekten

menawa kabeh jalma

salumahing bumi

gya anungkula

Sung sembah lan nadhah sepura

Sakehing rajakaya amung bandha lan bandhu titipan

kang ongas lan gumedhe gya mawangke

kang mlarat lan kesrakat

gya kasebrat!

Lamun tan wanuh lan anggayuh maring

Hyang Eka Sabda

lantaran tumetesing waspa

IMPEN

Gumuruh swaraning prahara

ambedhelake kulit,

nggetasake balung lan ajer sakabehing sungsum

tanpa tandha pratela,

lindhu adi bebeka,

Wekasan…

salang tunjang larining jalma, ngupaya widada

Impen lan pangarep-arep

kang mawarsa kangantha sirna,

rantas tanpa pituwas

sajuga minangka tembung adi

:Hyang Widi hamengku gati

paring pepeling mrih asung bekti yekti

Gancahan, Sirep Surya 8 Juni 2006

No comments:

 
 

Tripusat Pendidikan

http://id.shvoong.com/social-sciences/1751440-tripusat-pendidikan/

Klengkeng

Get paid here

Add to Technorati Favorites

My Photo

My Photo

Love & Life

Love & Life
My Wife

Pictures

Tripot

Tripot
Kencengin tripot dulu dong!

Shot!

Shot!
Saat Bikin Film Pembelajaran

Gini loh caranya...

Gini loh caranya...

Quest

Send message


Free shoutbox @ ShoutMix

joint with me

[url=http://www.yuwie.com/yuwie.asp?r=81866]


HTML CODE
Add to Technorati Favorites